Senin, 02 Desember 2013

Straight News(2) : Central Java International Rafting (CJIR) IRF World Series 2013 ing Banjarnegara

Gambar kapundhut saking http://twicsy.com/i/jPejkd
BANJARNEGARA- Ing tanggal 27 November-1 Desember dipunwontenaken lomba arung jeram Central Java International Rafting (CJIR) IRF World Series 2013 ing lepen Serayu Kabupaten Banjarnegara. Lomba menika dipundhereaken dening  25. Mboten namung saking Indonesia, para atlet rafting saking mancanegari kadosta Ceko dan Rusia ugi ndherek lomba menika. Tim saking Indonesia ingkang ndherek lomba inggih menika Kapinis, Arus Liar, FAJY Yogya, Caldera, Faji Jateng saha Faji Banjarnegara.

Lomba arung jeram Central Java International Rafting dipunwontenaken dening FAJI Banjarnegara. Pemprov Jawa Tengah ugi mbiyantu ngawontenaken adicara menika. Adicara menika dipunwontenaken kangge promosi Visit Jateng.Kanthi adicara menika, pamarentah (Dinas Kabudayan Banjarnegara) mboten namung pengin nepangaken Banjarnegara kangge masarakat Indonesia kemawon, nanging ugi masarakat mancanegari. Pamarentah pengin nepangaken potensi wisata ing Banjarnegara. banjarnegara mboten namung gadhah papan wisata budaya tuladhanipun candi ing Dieng, nanging ugi gadhah papan wisata bab olahraga kados waterpark lan ugi rafting. mugi-mugi kanthi adicara menika, wisata ing banjarnegara sangsaya rame lan dipuntepangi dening wisatawan Indnesia lan manca.

Tidak ada komentar: