Selasa, 03 Desember 2013

CERKAK: Kalung Saka Ibu


Asih lan tresnane ibu marang anake pancen ora bisa diukur nganggo piranti apa wae. Rasa iku nglewihi jembaring samodra lan nglewihi akehing lintang ana ing awang-awang kang padhang. Nanging,ora kabeh wong bisa ngrasakake perjuangane ibu kanggo nyenengke anake. Ana sing malah sajake ngenyek marang ibu amarga kahanane deweke ora bisa kaya wong liya. Nanging,rasa asih lan tresna ibu marang anake ora bakal sirna. Umpamane anjlog saka jurang utawa nyemplung ana kawah dilakoni ibu kanggo gawe anake seneng. Ora preduli awake dhewe,sing penting anake urip mulya .
Sumunar srengenge sumubyar ing jumantara kulon. Swara emprit kang pating nyemruwit nambah endahing sore iki. Lintang tembe wae bali saka sekolah. Sore iki lintang sajake lagi ora bungah. Tekan ngarep omah,Lintang krungu swara ngundang-undang jenenge,ora salah maneh kui swarane ibuke sing lagi nyapu latar omah. Nanging Lintang ora nggubris. Lintang mung mesem pait banjur mlebu jero omah.
Sakwise rampung nyapu latar,ibuke Lintang cepet-cepet nggoreng endhog kanggo Lintang. Ibuke Lintang ngerti Lintang mesti kesel tur luwe anggone sekolah saka esuk ngasi sore. Sakwise rampung nggoreng endhog,ibuke Lintang menyang kamare Lintang lan nothok-nothok lawang kamare Lintang.
Thok..thok..thok..
“Lintang,ndhang sholat trus maem sek. Ibu wes nggorengke endhog ceplok kesenenganmu kui lho...”,ngendikane ibuke Lintang.
“Mangke bu,kula dereng pengin maem.”,wangsulane Lintang.
Ibuke Lintang mlebu kamare Lintang lan kaget weruh anak wadone mau lagi ngalamun,matane rada ngembong. Mung gari gembrobyos luhe sedhela maneh.
“Ngapa ta ndhuk? Kok mbesengut ngono? Yok maem sek karo endhog ceplok kesenenganmu.” Pitakone ibuke Lintang .
Lintang ora njawab apa-apa. Malah nangise sangsaya ndadi. Ibuke Lintang banjur ngrangkul Lintang. Nanging Lintang malah ngeculke rangkulan Ibuke kanthi misuh-misuh.
“Bu,Lintang menika pengen kados kanca-kanca. Saged ngagem kalung . Menawi Lintang nyuwun kalung kaliyan ibu,mesthi ibu naming mangsuli ngenjang-ngenjang.”
“Sabar yo ndhuk. Yen ibu ana rejeki,mesti kowe bakal taktukokake kalung kaya sing kowe karepke. Ibu lagi usaha nok,ngumpulke dhuwit. Kanggo nyukupi kebutuhan awake dhewe wae ibu kabotan. Bapakmu wes ora ana. Saiki mung ibu sing kudu usaha nggolek penghasilan kanggo neruske uripe dhewe. Koe kudu sabar ya. Ibu janji yen ibu bisa nukokake,mesthi ibu bakal nukokake kalung sing koe pengen.”
“Wangsulan ibu ngaten terus,ibu ki mboten nate usaha numbasaken kula kalung mas kok. Wes ta bu,metua saka kamarku. Lintang kesel pengen bobo .”
Ibuke Lintang metu saka kamare Lintang banjur Lintang mbanting lawang kamare. Ibuke Lintang wes ora bisa nahan tangis. Atine kaya-kaya kecocok eri sing aleh banget. Nelangsa amarga ora bisa nuruti apa sing dikarepake anak siji-sijine kuwi. Kepiye maneh,usahane ora mesthi. Yen ana tangga sing njaluk tulung masak utawa ngumbah klambi lan nyetrika,tembe ibuke Lintang oleh pagaweyan lan bisa oleh dhuwit. Ibuke Lintang mlebu kamar lan mbuka kaleng gedhe kang disimpen sakngisore dhipan kasur. Sakwise njupuk kaleng mau,ibuke Lintang metu saka umah tanpa pamit karo Lintang.
Lintang turu lali banget kanthi ora keprungu ana wong sing ndhodhok-ndhodhok lawang omahe wes suwi banget. Sakwise krungu lan tangi,banjur lawange dibuka. Lintang kaget ora ketulungan,amarga sing tekawong telu nganggo seragam Polisi lengkap. Banjur Lintang takon marang polisi-polisi kuwi ana prelu apa teka ning omahe Lintang.
“Nuwun sewu pak,wonten prelu menapa bapak-bapak polisi rawuh wonten ngriki?”
“Menapa leres,menika dalemipun Mbak Lintang putrinipun Ibu Sukarti??”
“Inggih pak leres,wonteng menapa nggih?”
“Kula saking kepolisian,badhe maringi pisa dhumateng panjenengan. Sakmenika ibu panjenengan,angsal musibah wonten peken . Saniki ibu panjenengan wonten griya sakit.”
Awake Lintang langsung lemes,ora bisa njawab apa-apa. Lintang banjur digawa polisi-polisi mau ning rumah sakit. Lintang nangis sakndalan-dalan. Getun anggone mau wes nesu-nesu marang ibuke. Saktekane rumah sakit,Lintang langsung mlayu nggolek ruangane ibuke karo nangis mbengok-mbengok. Sakwise ketemu ruangane,Lintang mbuka lawang kanthi rasa was-was kang ora bisa kabendhung maneh. Kaya kena beledheg,atine Lintang kaya kairis-iris,donya kaya amblas,amarga Lintang weruh ing jeroning ruangan mau ana awak kaku kang wes dikrodongi mori saka sirah nganti dlamakan. Lintang wes ra kuat ngadeg,ambrug bebarengan karo luh kang wes ra bisa dibendhung. Polisi ngewenehi kalung kang ditemokake ing jejer mayite ibuke Lintang kang ngglethak ing dalan amarga ketabrak motor marang Lintang. Atine Lintang tambah getun. Ngrasa awake dhewekui anak kang paling durhaka lan nyebabake ibuke kena musibah kaya ngono.
Saktengening paes pasarean ibuke, Lintang angucap janji. Bakal dadi bocah sing pinter lan migunani kanggo bangsa lan agama. Awit kadadeyan kui,Lintang kang saiki mung urip karo bulike dadi bocah kang rajin, sabar, lan mbuang adoh kabeh sipat-sipat kang ala. Ora lali uga, Lintang tansah kirim dedonga kanggo ibuke muga tentrem ing suwarga.

Tidak ada komentar: