![]() |
Gambar kapundhut saking http://www.pergidulu.com/blog/buah-carica-khas-dieng/ |
Bahan :
1.
Woh Karika 5 ingkang ageng lan sampun
sepalih mateng
2.
Gendhis pasir ½ kg
3.
Enjet 1 sendok teh
4.
Toya 10 gelas
5.
Uyah sepalih sendok teh
6.
Cengkeh 2
7.
Es saprelunipun
1.
Woh karika dipunonceki lan dipunsigar
dados 8 perangan
2.
Karika ingkang sampun dipunsigari,
dipunpendhet wijinipun lan dipunpisah saking daging wohipun
3.
Daging woh karika dipunresiki ngangge
toya wening, lajeng dikungkum toya ingkang sampun dipunparingi enjet lan dipuntengga
kirang langkung 2,5 jam
4.
Karika ingkang sampun dikungkum toya
enjet, diresiki ngangge toya wening ngantos resik lan mboten mambu enjet
5.
Wiji karika ingkang sampun dipunpisah
wau dipunperes lan dipunpendhet sarinipun
6.
Woh karika dipuncampur kaliyan sari wiji
karika
7.
Campuran karika saha sari wiji karika
dipunparingi toya 10 gelas lan dipungodhog
8.
Godhogan karika wau dipunparingi gendhis
pasir, uyah, lan cengkeh lajeng dipuntengga ngantos umub
9.
Menawi sampun umub, unjukan karika wau
dipuntengga ngantos adhem, lajeng dipunparingi es saprelunipun
10.
Es Karika sampun saged dipunujuk
Tidak ada komentar:
Posting Komentar