Dieng,
Kabupaten Banjarnegara pancen salah satunggaling papan ing Indonesia ingkang
mboten nate sepi dipuntuju dening para wisatawan.
Wisatawan-wisatawan kathah ingkang
remen tindak dhateng Candi Arjuna, Kawah Sikidang, Kawah Sileri, Tlaga Werna,
lan sapanunggalipun. Taksih kathah papan ingkang gadhah nilai sejarah lan budaya ingkang dereng kathah dipuntepangi dening
para wisatawan, tuladhanipun Sumur
Jalatunda. Kathah cariyos bab sejarah Sumur Jalatunda ingkang wonten ing
masarakat Dieng. Papan menika ugi kathah nilaraken kapitadosan ingkang asipat
ghaib.
![]() |
Gambar dipunpundhut saking http://www.indonesia.travel/id/destination/858/sumur-jalatunda-sumur-tua-raksasa-di-dataran-tinggi-dieng |
Nami
Sumur Jalatunda dipunpendhet saking cariyos wayang Mahabarata ingkang
dipunginakaken kangge nggabungaken dunya saha bumi lapis kaping pitu utawi
Sapta Pratala. Wonten ugi ingkang nyebutaken menawi Jalatunda menika saking
tembung Jala saha Tunda ingkang tegesipun menawi gadhah pengangen-angen
kedahipun mboten dipuntunda-tunda malih. Sumur Jalatunda ugi asring dipunsebut
Sumur Raseksa amargi sumur menika ageng sanget. Wonten kalih versi cariyos kados pundi sumur menika
wonten. Cariyos menika wonten ingkang asipat ilmiah saha mistik.
Menawi miturut pamikiran ilmiah, sumur
menika kabentuk amargi erupsi Gunung
Purba ingkang ngawontenaken rong ingkang ageng lan kaisi toya jawah saha toya
saking sumber toya.
Menawi
kapitadosan masarakat ingkang asipat mistik,
ing jaman rumiyin wonten putrid ingkang ayu rupinipun. Putrid menika nyuwun
tumbal tiyang ingkang badhe dipunpejahi kanthi dicemplungaken ing Sumur
Jalatunda. Cariyos sanesipun bab sumur menika ugi ngrembaka ing masarakat.
Wonten kapitadosan bilih wonten ing sajroning sumur menika wonten lawang
ingkang tumuju ing papanipun ula setengah dewa. Wonten ugi cariyos ingkang
ngandharaken menawi Sumur Jalatunda kabentuk saking tepak samparanipun tokoh wayang ingkang asma Bima ingkang
nepakaken samparanipun nalika lagi murka.
Kangge
tindak dhateng sumur menika, kita kedah nglampahi 257 undhak-undhakan.
Sakduginipun ing Sumur Jalatunda, kathah tiyang ingkang mbalang watu ing sumur
menika. Wonten cariyos bilih sintena kemawon ingkang saged mbalang watu ingkang
tebihipun nglampahi agenging Sumur Jalatunda mila menapa kekarepanipun saged
kadumugen. Cariyos sanes ugi ngandharaken kapitadosan menawi nglampahi
undhak-undhakan kangge tindak dhateng Sumur Jalatunda bakal beda cacahipun
antawisipun cacah andha nalika minggah lan nalika medhak.
Inggilipun
Sumur Jalatunda menika 2000 meter saking wates toya seganten (dpl). Pramila kahanan wonten ing Sumur
Jalatunda menika atis sanget. Wonten ing sakiwa tengening papan wisata menika kathah panginepan arupi
wisma, hotel, lan sapanunggalipun.
Kathah ugi sarana wisata ingkang
dipunsediyakaken kadosta rental mobil,
tourguide, lan sapanunggalipun. Kangge tindak dhateng Sumur Jalatunda, kita
mbetahaken wekdal 45 menit saking Wonosobo mawi kendharaan . Sumur Jalatunda
menika awujud sumur ingkang ageng sanget lan ketingal sampun sepuh sanget.
Sepuhing sumur menika saged ketingal saking tetuwuhan ingkang kathah tuwuh ing
pinggiring sumur.
Mboten
namung pemandangan lan carityos mistik ingkang narik kawigatosan para wisatawan kangge tindak mrika. Wonten
ing ngrika kathah ingkang sadeyan unjukan lan dhaharan khas Dieng. Tuladhanipun manisan
karika, wedang purwaceng, kenthang asli saking Dieng ingkang dipungoreng.
Unjukan saha dhaharan menika wau namung saged dipunpanggihaken wonten ing
Dieng. Menika wau ugi ndadosaken kathah para wisatawan ingkang remen tindak dhateng ngriku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar