Jumat, 06 Desember 2013

AUTOBIOGRAFI KULA






Kula
Nami kula Putri Listya Vindasari, limrahipun dipunsebut Putri. Kula saking Banjarnegara, Jawa Tengah. Kula menika anak kaping 1 saking 3 anak. Bapak kula asmanipun Tulus lan Ibu kula asmanipun Kusyanti. Kula gadhah 2 rayi. Kula lulus saking SD Negeri 1 Krandegan, Banjarnegara ing taun 2006. Lajeng kula nglajengaken sekolah ing SMP Negeri 1 Banjarnegara saha SMA N 1 Banjarnegara. Kula lulus saking SMA N 1 Banjarnegara taun 2011.
Sakmenika kula manggen wonten ing Yogyakarta. Kula kuliyah ing Universitas Negeri Yogyakarta lan mendhet Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Prodi Pendidikan Bahasa Jawa)wiwit taun 2011. Kula remen nyinaoni menapa kemawon ingkang gayut kaliyan budaya Jawi kadosta karawitan, wayang, tari Jawa, tembang Jawa, lan sapanunggalipun. Kula ugi remen dolan menyang papan-papan ingkang gadhah nilai sejarah lan budaya.
Kula kuliyah ing Jurusan Pendidikan Bahasa Jawa kanthi ancas supados menawi sampun lulus saged dados guru Basa Jawi lan saged nguri-uri basa lan budaya Jawi. Kangge kula, basal an budaya jawi menika kasugihan Jawi ingkang kedah dipunjagi supados boten ical lan taksih dipuntepangi dening anak putu. Miturut kula, sanajan Basa Jawi taksih dipunginakaken wonten ing asal kula, Banjarnegara. Ananging, kathah ingkang taksih lepat anggenipun ngginakaken lan ugi kula piyambak dereng leres sanget menawi matur ngginaaken Basa Jawi. Pramila, mboten wonten lepatipun menawi kula sinau Basa Jawi langkung tumemen kanthi kuliah ing Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta. Kula gadhah motto “Mboten wonten ingkang mboten saged dipuntindakaken. Ingkang nyababaken padamelan mboten saged dipuntindakaken inggih menika sipat mboten tumemen lan mboten getun anggenipun nindakaken padamelan.”

Rabu, 04 Desember 2013

Wacana Prosedural(2) : Kripik Nangka, Dhaharan Legi kang Gampil Ndamelipun

Gambar dipunpundhut saking http://anekakeripikbuahblog.wordpress.com/resep-membuat-keripik-nangka/

Bahan:
1. 1 Kg woh nangka seger (dereng mateng sanget utawi gemadhing)
2. 1 1/2 liter toya
3. 75 gram uyah
4. 150 gram gendhis pasir
5. 100 gram toya  kang sampun disukani enjet
6. 2 liter lenga lentik

Cara ndamel:
1. Woh nangka dionceki lajeng wijinipun dipunpisah kaliyan wohipun, wijinipun menika wau saged dipundamel dados tepung wiji nangka

2.Nangka ingkang sampun dipunonceki dipunsigar dados ukuran ingkang dipunkersaaken (Mangke menawi sampun dipundamel kripik, ukuran nangka langkung alit amargi kandhutan toyanipun sampun ngirang)

3.Woh nangka dikungkum ngangge toya ingkang sampun disukani enjet supados resik saking getah.

4. Salajengipun nangka dipunkumbah ngangge toya resik dumugi mboten wonten enjetipun.

5. Woh nangka dipunlebetaken ing vacuum frying (mesin kangge nggoreng ingkang hampa udara), saged ugi ngginaaken wajan biasa, nggorengipun ngginaaken lenga ingkang kathah dumugi nangka saged manclup sedaya lan lenga saderengipun kangge nggoreng dipunpanasi langkung rumiyin kanthi suhu mboten langkung saking 90 derajat Celcius kangge ngirangi toya ing daging woh nangka, saengga kripik dados gurih dan renyah.

6. Goreng dumugi mateng mawi tandha umpruh sangsaya ngirang saha ical

7. Menawi sampun mateng dipunntasi saha dipunpisahaken dumugi mboten wonten lenganipun (tiris) supados mboten cepet tengik.

8. Kripik disimpen ing toples supados mboten mlempem.

Selasa, 03 Desember 2013

Artikel Budaya: Kanthi Ruwatan Rambut Gimbal, Masyarakat Banjarnegara Nglestantunaken Budaya Warisaning Leluhur



P
anjenengan tamtu sampun nate mireng asma Bob Marley? Bob Marley kathah dipunmangertosi minangka legendaris musik reggae ing donya. Salah satunggaling khas saking tokoh kasebut inggih menika rikmanipun ingkang gimbal. Mboten sami kaliyan rambut gimbal damelanipun manungsa kados dene rikma gimbalipun Bob Marley, wonten lare-lare ing dhaerah Dieng Kabupaten Banjarnegara gadhah rikma ingkang tuwuh kriwil lan gembel ingkang wonten kanthi alami (sanes damelan manungsa). Lare ingkang gimbal wau dipunpitadosi minangka turunanipun Ki Kala Dete lan Nyi Roro Kidul. Kangge nyukur rikma gimbal menika wonten ruwatan lan upacara ingkang kedah dipunlampahi. Upacara ruwatan menika saged kathah narik wigatosing wisatawan lokal utawi mancanegara kangge mriksani reroncening adicara ruwatan cukur rambut gimbal masal.
Gambar kapundhut saking http://storimages.wordpress.com/2012/07/10/dieng/

Gambar kapundhut saking http://www.antaranews.com/foto/47796/cukur-rambut-gimbal


Dumugi sakmenika, adicara ruwatan tasih dipuntindakaken setaun sepisan ing Dieng. Menika mbuktikaken menawi masyarakat Banjarnegara tasih kersa nglestantunaken warisaning budaya saking leluhur. Budaya ingkang minangka kasugihaning bangsa menika dipunjagi supados mboten ical lan supados dipuntepangi dening para mudha mliginipun mudha-mudhi Banjarnegara. Adicara ruwatan menika saged nggayuh wigatosipun kathah tiyang saingga dipunsengkuyung dening pemerintan Kabupaten.
Kabupaten Banjarnegara mboten nyia-nyiani khas ingkang wonten ing salah satunggaling dhaerah ing kabupaten Banjarnegara menika. Pemerintah ngawontenaken adicara kanthi irah-irahan “Dieng Culture Festival” setaun sepisan. Wonten ing adicara menika dipunwontenaken mapinten-pinten adicara inggih menika pasugatan seni, wayang, lan ugi ruwatan rambut gimbal. Ruwatan rambut gimbal limrahipun dipuntindakaken wonten ing palataran Candi Arjuna, Dieng Kulon, Batur, Banjarnegara. Lare ingkang badhe dipunruwat dipunsukani iket saking mori lajeng dipuntindakaken reroncening ruwatan.
Sakderengipun rambut gimbal dipuncukur, lare ingkang badhe dipunruwat menika diarak kliling dhusun mawi dhokar dipunkancani dening tiyang sepuhipun. Sarat ingkang dipunsuwun dening bocah gimbal ingkang badhe dipunruwat ugi ndherek dipunarak. Arak-arakan dipunwiwiti saking griyanipun pamengku adat, lajeng kirab tumuju ing Candi Arjuna kanthi dipunsambut dening tetabuhan musik tradisional Dieng. Reroncening adicara Jamasan dados miwiti ruwatan cukur rambut gimbal. Saklajengipun, bocah gimbal dipunbekta dhateng palataran Candi Arjuna.

Rambut ingkang gimbal pancen mboten saged dipuncukur kados limrahipun. Cukuran namung kedah dipuntindakaken amargi pepinginan lare ingkang gimbal menika piyambak. Menawi cukuran rambut gimbal mboten adhedhasar pepinginan saking lare gimbal menika, mila rambut gimbal menika mangke bakal tuwuh terus sanadyan sampun dipuncukur. Bocah ingkang badhe dipunruwat kasebut ugi ndherek ruwatan adhedhasar pepinginanipun piyambak kanthi sarat ingkang benten. Tuladhanipunpit onthel, tigan, arta, wedhus, emas, lan sapanunggalipun.

Adicara ruwat cukur rambut gimbal menika piyambak dipuntindakaken dening pamengku adat direwangi pejabat kutha Banjarnegara. Kanthi dikancani dening tiyang sepuhipun piyambak-piyambak. Rambut gimbal ingkang sampun dipuncukur lajeng dipunmanunggalaken kaliyan jajanan pasar, kembang telon lan dibungkus mori, lajeng dilarung ing Tlaga Warna. Adicara cukur rambut gimbal dipunpungkasi kanthi pambagian kasil bumi dening masyarakat ngriku.
Gambar kapundhut saking http://rri.co.id/index.php/berita/22756/Ruwatan-Potong-Rambut-Anak-Gimbal-Daya-Tarik-Bagi-Wisatawan#.UrlQ_PIe4wo
Adicara ruwatan menika saged njagi kalastantunanipun adat ingkang sampun wonten saking jaman kepungkur. Kajawi menika, adicara menika ugi paring paedah kangge tiyang ingkang gesang ing Dieng mliginipun ingkang manggen wonten ing caketipun Candi Arjuna. Tiyang-tiyang ingkang manggen wonten caketipun Candi Arjuna ngginakaken adicara menika kangge nambah pengasilanipun. Kathah ingkang sadean panganan lan ugi unjukan khas Dieng kados dene manisan karika lan ugi wedang purwaceng. Kejawi menika ugi kathah tiyang ingkang mbikak wisma panginepan kangge wisatawan ingkang mbetahaken papan kangge nginep. Adicara menika kathah paedahipun, saengga pemerintah lan masyarakat remen saha nyengkuyung ngawontenaken adicara menika saben taun.

CERKAK: Kalung Saka Ibu


Asih lan tresnane ibu marang anake pancen ora bisa diukur nganggo piranti apa wae. Rasa iku nglewihi jembaring samodra lan nglewihi akehing lintang ana ing awang-awang kang padhang. Nanging,ora kabeh wong bisa ngrasakake perjuangane ibu kanggo nyenengke anake. Ana sing malah sajake ngenyek marang ibu amarga kahanane deweke ora bisa kaya wong liya. Nanging,rasa asih lan tresna ibu marang anake ora bakal sirna. Umpamane anjlog saka jurang utawa nyemplung ana kawah dilakoni ibu kanggo gawe anake seneng. Ora preduli awake dhewe,sing penting anake urip mulya .
Sumunar srengenge sumubyar ing jumantara kulon. Swara emprit kang pating nyemruwit nambah endahing sore iki. Lintang tembe wae bali saka sekolah. Sore iki lintang sajake lagi ora bungah. Tekan ngarep omah,Lintang krungu swara ngundang-undang jenenge,ora salah maneh kui swarane ibuke sing lagi nyapu latar omah. Nanging Lintang ora nggubris. Lintang mung mesem pait banjur mlebu jero omah.
Sakwise rampung nyapu latar,ibuke Lintang cepet-cepet nggoreng endhog kanggo Lintang. Ibuke Lintang ngerti Lintang mesti kesel tur luwe anggone sekolah saka esuk ngasi sore. Sakwise rampung nggoreng endhog,ibuke Lintang menyang kamare Lintang lan nothok-nothok lawang kamare Lintang.
Thok..thok..thok..
“Lintang,ndhang sholat trus maem sek. Ibu wes nggorengke endhog ceplok kesenenganmu kui lho...”,ngendikane ibuke Lintang.
“Mangke bu,kula dereng pengin maem.”,wangsulane Lintang.
Ibuke Lintang mlebu kamare Lintang lan kaget weruh anak wadone mau lagi ngalamun,matane rada ngembong. Mung gari gembrobyos luhe sedhela maneh.
“Ngapa ta ndhuk? Kok mbesengut ngono? Yok maem sek karo endhog ceplok kesenenganmu.” Pitakone ibuke Lintang .
Lintang ora njawab apa-apa. Malah nangise sangsaya ndadi. Ibuke Lintang banjur ngrangkul Lintang. Nanging Lintang malah ngeculke rangkulan Ibuke kanthi misuh-misuh.
“Bu,Lintang menika pengen kados kanca-kanca. Saged ngagem kalung . Menawi Lintang nyuwun kalung kaliyan ibu,mesthi ibu naming mangsuli ngenjang-ngenjang.”
“Sabar yo ndhuk. Yen ibu ana rejeki,mesti kowe bakal taktukokake kalung kaya sing kowe karepke. Ibu lagi usaha nok,ngumpulke dhuwit. Kanggo nyukupi kebutuhan awake dhewe wae ibu kabotan. Bapakmu wes ora ana. Saiki mung ibu sing kudu usaha nggolek penghasilan kanggo neruske uripe dhewe. Koe kudu sabar ya. Ibu janji yen ibu bisa nukokake,mesthi ibu bakal nukokake kalung sing koe pengen.”
“Wangsulan ibu ngaten terus,ibu ki mboten nate usaha numbasaken kula kalung mas kok. Wes ta bu,metua saka kamarku. Lintang kesel pengen bobo .”
Ibuke Lintang metu saka kamare Lintang banjur Lintang mbanting lawang kamare. Ibuke Lintang wes ora bisa nahan tangis. Atine kaya-kaya kecocok eri sing aleh banget. Nelangsa amarga ora bisa nuruti apa sing dikarepake anak siji-sijine kuwi. Kepiye maneh,usahane ora mesthi. Yen ana tangga sing njaluk tulung masak utawa ngumbah klambi lan nyetrika,tembe ibuke Lintang oleh pagaweyan lan bisa oleh dhuwit. Ibuke Lintang mlebu kamar lan mbuka kaleng gedhe kang disimpen sakngisore dhipan kasur. Sakwise njupuk kaleng mau,ibuke Lintang metu saka umah tanpa pamit karo Lintang.
Lintang turu lali banget kanthi ora keprungu ana wong sing ndhodhok-ndhodhok lawang omahe wes suwi banget. Sakwise krungu lan tangi,banjur lawange dibuka. Lintang kaget ora ketulungan,amarga sing tekawong telu nganggo seragam Polisi lengkap. Banjur Lintang takon marang polisi-polisi kuwi ana prelu apa teka ning omahe Lintang.
“Nuwun sewu pak,wonten prelu menapa bapak-bapak polisi rawuh wonten ngriki?”
“Menapa leres,menika dalemipun Mbak Lintang putrinipun Ibu Sukarti??”
“Inggih pak leres,wonteng menapa nggih?”
“Kula saking kepolisian,badhe maringi pisa dhumateng panjenengan. Sakmenika ibu panjenengan,angsal musibah wonten peken . Saniki ibu panjenengan wonten griya sakit.”
Awake Lintang langsung lemes,ora bisa njawab apa-apa. Lintang banjur digawa polisi-polisi mau ning rumah sakit. Lintang nangis sakndalan-dalan. Getun anggone mau wes nesu-nesu marang ibuke. Saktekane rumah sakit,Lintang langsung mlayu nggolek ruangane ibuke karo nangis mbengok-mbengok. Sakwise ketemu ruangane,Lintang mbuka lawang kanthi rasa was-was kang ora bisa kabendhung maneh. Kaya kena beledheg,atine Lintang kaya kairis-iris,donya kaya amblas,amarga Lintang weruh ing jeroning ruangan mau ana awak kaku kang wes dikrodongi mori saka sirah nganti dlamakan. Lintang wes ra kuat ngadeg,ambrug bebarengan karo luh kang wes ra bisa dibendhung. Polisi ngewenehi kalung kang ditemokake ing jejer mayite ibuke Lintang kang ngglethak ing dalan amarga ketabrak motor marang Lintang. Atine Lintang tambah getun. Ngrasa awake dhewekui anak kang paling durhaka lan nyebabake ibuke kena musibah kaya ngono.
Saktengening paes pasarean ibuke, Lintang angucap janji. Bakal dadi bocah sing pinter lan migunani kanggo bangsa lan agama. Awit kadadeyan kui,Lintang kang saiki mung urip karo bulike dadi bocah kang rajin, sabar, lan mbuang adoh kabeh sipat-sipat kang ala. Ora lali uga, Lintang tansah kirim dedonga kanggo ibuke muga tentrem ing suwarga.

Opini Pendek (Pengalaman): Medhotke Sandhal Mbah Putri

Prei semesteran kalawingi aku, Rina lan Kiki menyang omahe Adhel. Aku lan sakanca arep menehi roti ulang taun kanggo Adhel. Sakdurunge mangkat neng omahe Adhel, aku lan sakanca kumpul dhisik neng omahe Rina, trus mangkat bareng menyang omahe Adhel. Saka omahe Rina tekan omahe Adhel mbutuhake wektu 45 menit numpak motor. Wektu semono nalika aku arep mangkat saka omah aku bingung amarga sandhalku dienggo adhiku dolan. Aku mung nduwe.
Aku nggoleki adhiku neng omahe mbahku. Nanging, adhiku ora neng kana. Neng omahe mbahku uga mung ana mbah kakung. Mbah putrid lagi tindak neng omah tanggane. Merga kepepet tur kesusu, aku njupuk sandhale mbah putriku. Niatku aku arep ngomong karo mbah putri nalika aku wis mulih. Sakwise nyilih sandhal mbahku, aku mangkat neng omahe Rina trus mangkat bareng kanca-kancaku neng omahe Adhel.
Saktekane omahe Adhel, aku digeguyu marang ibuke Adhel. Amarga sandhal sing takenggo aku modele tuwa banget. Ditambahi maneh nalika ibuke Adhel ngerti yen sandhal sing taknggo kuwi sandhal mbah putri. Sanadyan digeguyu karo ibuke Adhel lan kanca-kancaku, nanging aku tetep seneng nganggo sandhal kuwi. Sandhal mbahku kuwi penak dienggo, ora marakake sikil lara.
Nalika wis sore, aku, Rina lan Kiki bali. Sakdurunge bali, aku lan sakanca mampir alun-alun Banjarnegara dhisik. Aku lan sakanca kepengin tuku es buah ning kana. Dalan saka omahe Adhel tekan alun-alun kutha pancen medeni tenan. Mudhun, akeh tikungan, lan lunyu merga akeh pasire. Aku ngati-ati banget supaya ora tiba. Saking ngati-atine, aku sering ngerem lan sering mandeg yen macet akeh mobil merga dalan sing wis padha krowak.

Tekan alun-alun, aku wis kerasa yen sandhal sing takenggo dadi rada ora seret. Nanging aku tetep isih mlaku-mlaku neng alun-alun nganggo sandhal kuwi. Nalika mlaku-mlaku neng alun-alun sandhalku pedhot. Makjlegerrrrrr aku isin setengah mati merga wektu semono lagi akeh wong njajan lan mlaku-mlaku neng alun-alun. “Mesthi iki merga mau sering ngerem lan sikilku nyagak motor nalika bali saka omahe Adhel”, batinku. Aku thingak-thinguk nggoleki bakul sandhal nanging aku ora nemu. kanca-kancaku mung ngguyu merga yen mlaku sikilku taklarak. Saking isine, aku langsung bali menyang omah. Aku tembe wae kelingan yen sing takenggo kuwi mau sandhalku. Aku langsung menyang omah mbahku nggoleki mbah putri. Nalika wes ketemu mbah ku, aku ngomong yen aku medhotke sandhal mbah putriku. Aku uga crita kepiye pedhote sandhal kuwi. Aku diseneni entek-entekan karo mbahku merga mbahku seneng banget sandhal kuwi. Mbahku nyeneni aku, nanging karo nggeguyu ngrungokake crita pedhote sandhal iku neng alun-alun.

Profil Budayawan: Seka, Nguri-uri Budaya Jawi Mawi Seni Tari

Seka nalika nembang ing Pentas Seni Kabupaten Pati
                                                   
Seka bibar nari ing UNY
Seka nalika nari ing UNY
Durotun Naseka miyos ing Pati, 13 Pebruari 1993. Kenya ayu menika manggenipun wonten ing Desa Gunung Panti, Kecamatan Winong, Kabupaten Pati. Kenya ingkang gadhah hobi nari menika lulusan SD N 1 Gunung Panti saha nglajengaken wonten ing SMP N 1 Tambak Romo. Supados anggenipun sinau nari langkung tumemen, Seka nglajengaken sekolah ing SMKI (Sekolah Menengah Kesenian Indonesia) Surakarta. Wonten ing SMKI Surakarta, Seka mendhet penjurusan nari. Sakmenika, Seka kuliyah ing Universitas Negeri Yogyakarta lan mlebet Jurusan Seni Tari.
Seka sampun remen nari wiwit alit. Dumugi samenika sampun kathah tari ingkang dipunsinaoni. Tari ingkang dipunsinaoni mboten namung tari Jawi, nanging ugi nyinaoni tari saking sajawining Jawi lan ugi tari manca. Kejawi sinau bab nari, Seka ugi nyinaoni bab rias kangge nari, rias karakter, lan ugi rias manten. Saengga menawi badhe pasugatan tari, Seka sampun saged macak piyambak lan ugi saged macakaken tiyang sanes. Seka ugi asring nglatih tari.
Seka gadhah pengalaman nari ingkang boten sakedhik. Seka sampun asring nari wonten ing pundi-pundi. Seka ugi gadhah prestasi ingkang sae saking nari. Seka sampun nate ndherek kirab budaya ing Solo, lan ugi ndherek nari 2ingkang sae saking nari. Seka sampun nate ndherek kirab budaya ing Solo, lan ugi ndherek pasugatan tari 24 jam kangge mngeti dinten tari sadunya. Kejawi menika, Seka ugi sampun nate kapilih dados Duta Seni Tayub saha Campursari wonten ing Jakarta. Lan taksih kathah malih pengalaman saha prestasi Seka saking nari.

Seka nalika bibar nembang ing Pentas Seni Kabupaten Pati
Kenya ingkang samenika sampun semester 5 ing Jurusan Pendidikan Seni Tari UNY menika ugi gadhah pangajeng-ajeng. Seka kepengin dados dosen seni lan ugi kepengin dados perias manten. Kangge nggayuh pangajab menika, Seka sinau nari lan tata rias kanthi tumemen lan gladhen saben dinten. Seka gadhah pangajab, kepengin nyenengaken tiyang sepuhipun. Kasregepan lan katlatenan Seka anggenipun sinau lan gladhen supados kagayuh pangajabipun menika kedah dipuntiru. Pangajeng-ajeng lan pangajab mboten namung dados pangangen-angen tanpa wonten usahanipun. Menawi mboten dipunupiyaaken, mila pangajeng-ajeng lan pepenginan menika mboten bakal saged kagayuh. Sedaya pangajeng-ajeng lan pepenginan kedah dipunsarengi kaliyan upiya lan dedonga.

Wacana Prosedural(1) : Cara Ndamel Unjukan Es Karika Khas Dieng, Banjarnegara

Gambar kapundhut saking http://www.pergidulu.com/blog/buah-carica-khas-dieng/
Bahan  :
1.      Woh Karika 5 ingkang ageng lan sampun sepalih mateng
2.      Gendhis pasir ½ kg
3.      Enjet 1 sendok teh
4.      Toya 10 gelas
5.      Uyah sepalih sendok teh
6.      Cengkeh 2
7.      Es saprelunipun

Gambar kapundhut saking http://www.pergidulu.com/blog/buah-carica-khas-dieng/
Cara Ndamel   :
1.      Woh karika dipunonceki lan dipunsigar dados 8 perangan
2.      Karika ingkang sampun dipunsigari, dipunpendhet wijinipun lan dipunpisah saking daging wohipun
3.      Daging woh karika dipunresiki ngangge toya wening, lajeng dikungkum toya ingkang sampun dipunparingi enjet lan dipuntengga kirang langkung 2,5 jam
4.      Karika ingkang sampun dikungkum toya enjet, diresiki ngangge toya wening ngantos resik lan mboten mambu enjet
5.      Wiji karika ingkang sampun dipunpisah wau dipunperes lan dipunpendhet sarinipun
6.      Woh karika dipuncampur kaliyan sari wiji karika
7.      Campuran karika saha sari wiji karika dipunparingi toya 10 gelas lan dipungodhog
8.      Godhogan karika wau dipunparingi gendhis pasir, uyah, lan cengkeh lajeng dipuntengga ngantos umub
9.      Menawi sampun umub, unjukan karika wau dipuntengga ngantos adhem, lajeng dipunparingi es saprelunipun

10.  Es Karika sampun saged dipunujuk