Dinten
Kemis (26/9) kalawingi, Himpunan Mahasiswa Musik UNY ingkang asring dipunsebat
HIMASIK ngawontenaken adicara “Kalem”. “Kalem” inggih menika camboran saking
tembung “Kamis” lan “Malem” ingkang jumbuh kaliyan wekdal dipunwontenaken
adicara menika nun inggih ing dinten Kemis ndalu. Adicara “Kalem” menika
adicara arupi pasugatan seni musik ingkang dipunwontenaken setunggal sasi
sepisan ing palataran kampus Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY.
“Kalem”
ing dinten Kemis kalawingi gadhah tema welcomisasi
ingkang tegesipun “sugeng rawuh”. Tema kasebat dipunangge kangge ngaturi sugeng
rawuh dhumateng para mahasiswa enggal. Ingkang ngisi adicara Kalem kalawingi
inggih menika saking mapinten-pinten band
kados dene Delay, Purbaswara, Ora Payungan, Tujuh, lan sapanunggalipun. Adicara
“Kalem” menika narik wigatosipun tiyang-tiyang. Mboten namung mahasiswa UNY
menika piyambak, nanging ugi mahasiswa saking njawi lan masyarakat umum
sanesipun ugi remen mriksani pasugatan ing palataran kampus Pendidikan Seni Musik UNY menika. Sanajan grimis lan atis,
nanging mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY ingkang pentas kanthi sae saged
narik wigatosing pamirsa kangge mirsani saking wiwitan dumugi pungkasaning
adicara.
Dening:
Putri Listya Vindasari (11205241063)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar