

Tiyang-tiyang ingkang rawuh ing BCC dipundampingi kaliyan 1 tour guide ingkang ngandharaken menapa mawon ingkang wonten ing BCC. Saking gapura BCC, para wisatawan dipunsambut kaliyan tari Pecang Jagad. Lajeng saksampunipun para wisatawan mlebet ing BCC, para wisatawan saged mriksani replica kangge upacara adat ing Bali. Upacara adat ingkang dipuntingalaken kados dene upacara kikir waja ingkang gadhah ancas kangge ngicalaken sipat awonipun tiyang ingkang wajanipun dipunkikir menika. Kejawi menika ugi wonten replica bab upacara ngaben. Upacara ngaben inggih menika upacara mbakar mayit ingkang kedah dipuntindakaken dening priyantun Bali. Upacara menika mbetahaken arta ingkang mboten sekedhik. Lan ugi wonten replica upacara Galungan lan Kuningan ingkang dipuntindakaken dening priyantun Bali kangge mahargyaaken mimpanging kabejikan utawi sipat becik. Saksampunipun mlampah-mlampah lan mriksani replica lan miniatur padintenanipun tiyang Bali, para wisatawan dipunsumanggaaken lenggah ing awujud tribun. Wonten ngriku, kita saged mriksani pasugatan tari tradisional Bali ingkang dipuniringi kanthi gamelan Bali. Para wisatawan ugi saged ndherek gladhen tari tradisional Bali kaliyan para penari ing panggung. Kejawi menika, kita ugi saged nyuwun foto bareng kaliyan para penari-penari kangge kenang-kenangan.
Kahanan BCC
ingkang adhem lan kathah wit-witan ingkang ageng ndadosaken para wisatawan remen wonten ing BCC. Kejawi
menika, ugi kathah reco ing sakiwa tengenipun margi salebeting BCC ingkang
nambah kaendahanipun BCC. Para wisatawan ugi
kedah ndherek njagi kaendahanipun BCC lan njagi karesikan BCC supados BCC
tansah sae lan dipunremeni dening wisatawan
lokal lan internasional.

Dening: Putri Listya
Vindasari (11205241063)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar