Senin, 11 November 2013

News Feature: “Kalem”, Sarana Ngrumaketaken Pasedherekan Mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY

Mahasiswa Universitas Negeri Yogyakarta (UNY) mliginipun mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik mesthi sampun nate mireng adicara “Kalem”. Menapa ingkang dipunwastani “Kalem”? “Kalem” utawi “Kamis Malem” inggih menika adicara ingkang dipunwontenaken dening Himpunan Mahasiswa Seni Musik UNY. Adicara kasebat mentasaken band-band saking mahasiswa Jurusan Seni Musik. Jumbuh kaliyan irah-irahanipun, adicara menika dipunwontenaken ing dinten Kemis ing tabuh 7 ndalu. Adicara menika dipunwontenaken setunggal sasi sepisan. Papan adicara menika wonten ing palataran kampus Jurusan Seni Musik UNY. Adicara saben sasinipun gadhah tema ingkang benten-benten.
Panitia ingkang ngawontenaken adicara menika inggih menika saking mahasiswa Jurusan Seni Musik menika piyambak. Band ingkang pentas wonten ing adicara “Kalem” menika wonten langkung saking 5 band. Sedaya jinis musik dipunpentasaken ing adicara menika. Saking musik ingkang jinisipun kroncong, campursari, dangdut, pop dumugi rock lan sanesipun. Sedaya wau dipunpentasaken kanthi sae lan saged narik wigatosing tiyang kathah. Mboten kaget menawi saben sakbibaring band-band ingkang ngisi acara menika rampung anggenipun pentas, para pamirsa surak-surak lan ngalem-alem. Kahanan dados angkres lan ngremenaken sanget. Mboten namung saking mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik kemawon ingkang mriksani, nanging dosen, mahasiswa saking jurusan sanesipun, dumugi masyarakat umum ugi katarik penggalihipun kangge mriksani adicara menika.

Sakwingkinging palaksanan adicara Kalem, wonten mahasiswa-mahasiswa saking Jurusan Pendidikan Seni Musik ingkang dados panitiya. Minangka panitiya, mahasiswa-mahasiswa wau kedah sampun nyamektakaken menapa ingkang dipunbetahaken kangge adicara saking 2 minggu kepungkur supados adicara menika saged kalampahan kanthi sae lan mboten nguciwakake. Sanajan wonten alangan anggenipun ngawontenaken adicara menika, nanging panitia tansah medalaken sedaya upaya kangge nglampahaken adicara menika. Tuladhanipun alangan ing babagan arta. Kangge ngawontenaken adicara “Kalem” mboten namung mbetahaken arta ingkang sekedhik. Panitia mbetahaken arta ingkang kagolong kathah kangge kapreluan adicara kados dene sound system, lighting, lan sapanunggalipun. Arta ingkang dipunparingi dening Jurusan Seni Musik menika piyambak mboten nyekapi kabetahan panitia kangge nglampahaken adicara menika. Nanging panitia gadhah cara kangge nyekapi arta ingkang dipunbetahaken kanthi pados sponsor.
Mboten namung babagan arta, sesambetan antawisipun panitia ingkang kirang rumaket ugi dados salah satunggaling alangan anggenipun ngawontenaken adicara “Kalem”. Sedaya panitiya ingkang ndherek ndamel adicara menika kathahipun tasih dados mahasiswa aktif ing jurusan Seni Musik UNY, saingga kedah saged mbagi wekdal kangge kuliyah lan kangge organisasi. Wekdalipun panitiya ingkang kaperang kangge organisasi lan kangge kuliah menika ndadosaken panitia mboten saged maksimal anggenipun nyamektakaken adicara menika. Nanging sanajan tasih aktif kuliyah lan tasih kathah tanggungan anggenipun kuliyah kadosta tugas, panitia Kalem menika saged nglodangaken wekdalipun kangge gotong royong ngawontenaken adicara sasinan menika.
“Adicara Kalem menika dipunwontenaken kanthi ancas saged dados sarananipun mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik kangge ngrumaketaken sesambetan antawisipun sesami mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik.”, ngendikanipun Mas Eko Sujatmiko minangka pangarsa panitiya Kalem. Mboten namung saged ngrumaketaken sesambetan antawisipun mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik kemawon, nanging adicara menika ugi saged dados sarana kangge mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik medalaken kasagedanipun lan karemenanipun ing babagan seni musik. Adicara menika ugi saged paring hiburan kangge masyarakat kanthi pasugatan musik. Lan ugi adicara menika saged dados wadhah anggenipun mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik ningalaken kados pundi kapinteran mahasiswa mliginipun mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY ing babagan seni musik dhumateng tiyang sanesipun.

Sanajan adicara menika saged kalampahan saking wiwitan dumugi pungkasan, nanging evaluasi tansah dipuntindakaken sabibaring adicara menika dening para panitiya. Ancasipun inggih menika supados sasi salajengipun saged ngawontenaken adicara Kalem malih kanthi langkung sae. Adicara menika dados adicara sasinan, nanging panitiya mboten bosen anggenipun ngawontenaken adicara menika malih. Saben sasinipun, panitiya upaya supados saged ndamel adicara ingkang langkung kreatif. Panitiya nyumanggaaken sedaya mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY ingkang kersa pentas wonten ing adicara Kalem saben sasinipun. Himpunan Mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik ugi nyumanggaaken dhumateng sedaya mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY ingkang kersa dados panitiya adicara Kalem. Ancasipun supados mahasiswa saged ngraosaken kados pundi nyambut damel sawingkinging panggung (dados panitiya), saingga mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY mboten namung gahdhah pengalaman pentas ing panggung, nanging ugi gadhah pengalaman dados crew utawi panitiya ingkang mbiyantu nyamektakaken menapa mawon ingkang dipunbetahaken kangge ngawontenaken adicara pasugatan musik. Pengalaman kados mekaten saged dados sangu anggenipun nglajengaken pagesangan.




Dening: Putri Listya Vindasari (11205241063)

Tidak ada komentar: