Mahasiswa
Universitas Negeri Yogyakarta (UNY) mliginipun mahasiswa Jurusan Pendidikan
Seni Musik mesthi sampun nate mireng adicara “Kalem”. Menapa ingkang
dipunwastani “Kalem”? “Kalem” utawi “Kamis Malem” inggih menika adicara ingkang
dipunwontenaken dening Himpunan Mahasiswa Seni Musik UNY. Adicara kasebat
mentasaken band-band saking mahasiswa
Jurusan Seni Musik. Jumbuh kaliyan irah-irahanipun, adicara menika
dipunwontenaken ing dinten Kemis ing tabuh 7 ndalu. Adicara menika
dipunwontenaken setunggal sasi sepisan. Papan adicara menika wonten ing
palataran kampus Jurusan Seni Musik UNY. Adicara saben sasinipun gadhah tema
ingkang benten-benten.
Panitia
ingkang ngawontenaken adicara menika inggih menika saking mahasiswa Jurusan
Seni Musik menika piyambak. Band
ingkang pentas wonten ing adicara “Kalem” menika wonten langkung saking 5 band. Sedaya jinis musik dipunpentasaken
ing adicara menika. Saking musik ingkang jinisipun kroncong, campursari,
dangdut, pop dumugi rock lan
sanesipun. Sedaya wau dipunpentasaken kanthi sae lan saged narik wigatosing
tiyang kathah. Mboten kaget menawi saben sakbibaring band-band ingkang ngisi acara menika rampung anggenipun pentas,
para pamirsa surak-surak lan ngalem-alem. Kahanan dados angkres lan ngremenaken
sanget. Mboten namung saking mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik kemawon
ingkang mriksani, nanging dosen, mahasiswa saking jurusan sanesipun, dumugi
masyarakat umum ugi katarik penggalihipun kangge mriksani adicara menika.
Sakwingkinging
palaksanan adicara Kalem, wonten mahasiswa-mahasiswa saking Jurusan Pendidikan
Seni Musik ingkang dados panitiya. Minangka panitiya, mahasiswa-mahasiswa wau
kedah sampun nyamektakaken menapa ingkang dipunbetahaken kangge adicara saking
2 minggu kepungkur supados adicara menika saged kalampahan kanthi sae lan
mboten nguciwakake. Sanajan wonten alangan anggenipun ngawontenaken adicara
menika, nanging panitia tansah medalaken sedaya upaya kangge nglampahaken
adicara menika. Tuladhanipun alangan ing babagan arta. Kangge ngawontenaken
adicara “Kalem” mboten namung mbetahaken arta ingkang sekedhik. Panitia
mbetahaken arta ingkang kagolong kathah kangge kapreluan adicara kados dene sound system, lighting, lan sapanunggalipun. Arta ingkang dipunparingi dening Jurusan
Seni Musik menika piyambak mboten nyekapi kabetahan panitia kangge nglampahaken
adicara menika. Nanging panitia gadhah cara kangge nyekapi arta ingkang
dipunbetahaken kanthi pados sponsor.
Mboten
namung babagan arta, sesambetan antawisipun panitia ingkang kirang rumaket ugi
dados salah satunggaling alangan anggenipun ngawontenaken adicara “Kalem”.
Sedaya panitiya ingkang ndherek ndamel adicara menika kathahipun tasih dados
mahasiswa aktif ing jurusan Seni
Musik UNY, saingga kedah saged mbagi wekdal kangge kuliyah lan kangge
organisasi. Wekdalipun panitiya ingkang kaperang kangge organisasi lan kangge
kuliah menika ndadosaken panitia mboten saged maksimal anggenipun nyamektakaken adicara menika. Nanging sanajan
tasih aktif kuliyah lan tasih kathah
tanggungan anggenipun kuliyah kadosta tugas, panitia Kalem menika saged
nglodangaken wekdalipun kangge gotong royong ngawontenaken adicara sasinan
menika.
“Adicara
Kalem menika dipunwontenaken kanthi ancas saged dados sarananipun mahasiswa
Jurusan Pendidikan Seni Musik kangge ngrumaketaken sesambetan antawisipun
sesami mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik.”, ngendikanipun Mas Eko
Sujatmiko minangka pangarsa panitiya Kalem. Mboten namung saged ngrumaketaken
sesambetan antawisipun mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik kemawon, nanging
adicara menika ugi saged dados sarana kangge mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni
Musik medalaken kasagedanipun lan karemenanipun ing babagan seni musik. Adicara
menika ugi saged paring hiburan kangge masyarakat kanthi pasugatan musik. Lan
ugi adicara menika saged dados wadhah anggenipun mahasiswa Jurusan Pendidikan
Seni Musik ningalaken kados pundi kapinteran mahasiswa mliginipun mahasiswa
Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY ing babagan seni musik dhumateng tiyang
sanesipun.
Sanajan
adicara menika saged kalampahan saking wiwitan dumugi pungkasan, nanging evaluasi tansah dipuntindakaken
sabibaring adicara menika dening para panitiya. Ancasipun inggih menika supados
sasi salajengipun saged ngawontenaken adicara Kalem malih kanthi langkung sae.
Adicara menika dados adicara sasinan, nanging panitiya mboten bosen anggenipun
ngawontenaken adicara menika malih. Saben sasinipun, panitiya upaya supados
saged ndamel adicara ingkang langkung kreatif.
Panitiya nyumanggaaken sedaya mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY
ingkang kersa pentas wonten ing adicara Kalem saben sasinipun. Himpunan
Mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik ugi nyumanggaaken dhumateng sedaya
mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY ingkang kersa dados panitiya
adicara Kalem. Ancasipun supados mahasiswa saged ngraosaken kados pundi nyambut
damel sawingkinging panggung (dados panitiya), saingga mahasiswa Jurusan Pendidikan
Seni Musik UNY mboten namung gahdhah pengalaman pentas ing panggung, nanging
ugi gadhah pengalaman dados crew
utawi panitiya ingkang mbiyantu nyamektakaken menapa mawon ingkang
dipunbetahaken kangge ngawontenaken adicara pasugatan musik. Pengalaman kados
mekaten saged dados sangu anggenipun nglajengaken pagesangan.
Dening:
Putri Listya Vindasari (11205241063)