Prei
semesteran kalawingi aku, Rina lan Kiki menyang omahe Adhel. Aku lan sakanca
arep menehi roti ulang taun kanggo Adhel. Sakdurunge mangkat neng omahe Adhel,
aku lan sakanca kumpul dhisik neng omahe Rina, trus mangkat bareng menyang
omahe Adhel. Saka omahe Rina tekan omahe Adhel mbutuhake wektu 45 menit numpak
motor. Wektu semono nalika aku arep mangkat saka omah aku bingung amarga
sandhalku dienggo adhiku dolan. Aku mung nduwe.
Aku
nggoleki adhiku neng omahe mbahku. Nanging, adhiku ora neng kana. Neng omahe
mbahku uga mung ana mbah kakung. Mbah putrid lagi tindak neng omah tanggane.
Merga kepepet tur kesusu, aku njupuk sandhale mbah putriku. Niatku aku arep
ngomong karo mbah putri nalika aku wis mulih. Sakwise nyilih sandhal mbahku,
aku mangkat neng omahe Rina trus mangkat bareng kanca-kancaku neng omahe Adhel.
Saktekane
omahe Adhel, aku digeguyu marang ibuke Adhel. Amarga sandhal sing takenggo aku modele tuwa banget. Ditambahi maneh
nalika ibuke Adhel ngerti yen sandhal sing taknggo kuwi sandhal mbah putri.
Sanadyan digeguyu karo ibuke Adhel lan kanca-kancaku, nanging aku tetep seneng
nganggo sandhal kuwi. Sandhal mbahku kuwi penak dienggo, ora marakake sikil
lara.
Nalika
wis sore, aku, Rina lan Kiki bali. Sakdurunge bali, aku lan sakanca mampir
alun-alun Banjarnegara dhisik. Aku lan sakanca kepengin tuku es buah ning kana.
Dalan saka omahe Adhel tekan alun-alun kutha pancen medeni tenan. Mudhun, akeh
tikungan, lan lunyu merga akeh pasire. Aku ngati-ati banget supaya ora tiba.
Saking ngati-atine, aku sering ngerem lan sering mandeg yen macet akeh mobil
merga dalan sing wis padha krowak.
Tekan
alun-alun, aku wis kerasa yen sandhal sing takenggo dadi rada ora seret.
Nanging aku tetep isih mlaku-mlaku neng alun-alun nganggo sandhal kuwi. Nalika
mlaku-mlaku neng alun-alun sandhalku pedhot. Makjlegerrrrrr aku isin setengah
mati merga wektu semono lagi akeh wong njajan lan mlaku-mlaku neng alun-alun.
“Mesthi iki merga mau sering ngerem lan sikilku nyagak motor nalika bali saka
omahe Adhel”, batinku. Aku thingak-thinguk nggoleki bakul sandhal nanging aku
ora nemu. kanca-kancaku mung ngguyu merga yen mlaku sikilku taklarak. Saking
isine, aku langsung bali menyang omah. Aku tembe wae kelingan yen sing takenggo
kuwi mau sandhalku. Aku langsung menyang omah mbahku nggoleki mbah putri.
Nalika wes ketemu mbah ku, aku ngomong yen aku medhotke sandhal mbah putriku.
Aku uga crita kepiye pedhote sandhal kuwi. Aku diseneni entek-entekan karo
mbahku merga mbahku seneng banget sandhal kuwi. Mbahku nyeneni aku, nanging
karo nggeguyu ngrungokake crita pedhote sandhal iku neng alun-alun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar