Asih
lan tresnane ibu marang anake pancen ora bisa diukur nganggo piranti apa wae.
Rasa iku nglewihi jembaring samodra lan nglewihi akehing lintang ana ing
awang-awang kang padhang. Nanging,ora kabeh wong bisa ngrasakake perjuangane
ibu kanggo nyenengke anake. Ana sing malah sajake ngenyek marang ibu amarga
kahanane deweke ora bisa kaya wong liya. Nanging,rasa asih lan tresna ibu
marang anake ora bakal sirna. Umpamane anjlog saka jurang utawa nyemplung ana
kawah dilakoni ibu kanggo gawe anake seneng. Ora preduli awake dhewe,sing
penting anake urip mulya .
Sumunar
srengenge sumubyar ing jumantara kulon. Swara emprit kang pating nyemruwit
nambah endahing sore iki. Lintang tembe wae bali saka sekolah. Sore iki lintang
sajake lagi ora bungah. Tekan ngarep omah,Lintang krungu swara ngundang-undang
jenenge,ora salah maneh kui swarane ibuke sing lagi nyapu latar omah. Nanging
Lintang ora nggubris. Lintang mung mesem pait banjur mlebu jero omah.
Sakwise
rampung nyapu latar,ibuke Lintang cepet-cepet nggoreng endhog kanggo Lintang. Ibuke
Lintang ngerti Lintang mesti kesel tur luwe anggone sekolah saka esuk ngasi
sore. Sakwise rampung nggoreng endhog,ibuke Lintang menyang kamare Lintang lan
nothok-nothok lawang kamare Lintang.
Thok..thok..thok..
“Lintang,ndhang
sholat trus maem sek. Ibu wes nggorengke endhog ceplok kesenenganmu kui lho...”,ngendikane
ibuke Lintang.
“Mangke
bu,kula dereng pengin maem.”,wangsulane Lintang.
Ibuke
Lintang mlebu kamare Lintang lan kaget weruh anak wadone mau lagi
ngalamun,matane rada ngembong. Mung gari gembrobyos luhe sedhela maneh.
“Ngapa
ta ndhuk? Kok mbesengut ngono? Yok maem sek karo endhog ceplok kesenenganmu.”
Pitakone ibuke Lintang .
Lintang
ora njawab apa-apa. Malah nangise sangsaya ndadi. Ibuke Lintang banjur
ngrangkul Lintang. Nanging Lintang malah ngeculke rangkulan Ibuke kanthi
misuh-misuh.
“Bu,Lintang
menika pengen kados kanca-kanca. Saged ngagem kalung . Menawi Lintang nyuwun kalung
kaliyan ibu,mesthi ibu naming mangsuli ngenjang-ngenjang.”
“Sabar
yo ndhuk. Yen ibu ana rejeki,mesti kowe bakal taktukokake kalung kaya sing kowe
karepke. Ibu lagi usaha nok,ngumpulke dhuwit. Kanggo nyukupi kebutuhan awake
dhewe wae ibu kabotan. Bapakmu wes ora ana. Saiki mung ibu sing kudu usaha
nggolek penghasilan kanggo neruske uripe dhewe. Koe kudu sabar ya. Ibu janji
yen ibu bisa nukokake,mesthi ibu bakal nukokake kalung sing koe pengen.”
“Wangsulan
ibu ngaten terus,ibu ki mboten nate usaha numbasaken kula kalung mas kok. Wes
ta bu,metua saka kamarku. Lintang kesel pengen bobo .”
Ibuke
Lintang metu saka kamare Lintang banjur Lintang mbanting lawang kamare. Ibuke
Lintang wes ora bisa nahan tangis. Atine kaya-kaya kecocok eri sing aleh
banget. Nelangsa amarga ora bisa nuruti apa sing dikarepake anak siji-sijine
kuwi. Kepiye maneh,usahane ora mesthi. Yen ana tangga sing njaluk tulung masak
utawa ngumbah klambi lan nyetrika,tembe ibuke Lintang oleh pagaweyan lan bisa
oleh dhuwit. Ibuke Lintang mlebu kamar lan mbuka kaleng gedhe kang disimpen
sakngisore dhipan kasur. Sakwise njupuk kaleng mau,ibuke Lintang metu saka umah
tanpa pamit karo Lintang.
Lintang
turu lali banget kanthi ora keprungu ana wong sing ndhodhok-ndhodhok lawang
omahe wes suwi banget. Sakwise krungu lan tangi,banjur lawange dibuka. Lintang
kaget ora ketulungan,amarga sing tekawong telu nganggo seragam Polisi lengkap.
Banjur Lintang takon marang polisi-polisi kuwi ana prelu apa teka ning omahe
Lintang.
“Nuwun
sewu pak,wonten prelu menapa bapak-bapak polisi rawuh wonten ngriki?”
“Menapa
leres,menika dalemipun Mbak Lintang putrinipun Ibu Sukarti??”
“Inggih
pak leres,wonteng menapa nggih?”
“Kula
saking kepolisian,badhe maringi pisa dhumateng panjenengan. Sakmenika ibu
panjenengan,angsal musibah wonten peken . Saniki ibu panjenengan wonten griya
sakit.”
Awake
Lintang langsung lemes,ora bisa njawab apa-apa. Lintang banjur digawa polisi-polisi
mau ning rumah sakit. Lintang nangis sakndalan-dalan. Getun anggone mau wes
nesu-nesu marang ibuke. Saktekane rumah sakit,Lintang langsung mlayu nggolek
ruangane ibuke karo nangis mbengok-mbengok. Sakwise ketemu ruangane,Lintang
mbuka lawang kanthi rasa was-was kang ora bisa kabendhung maneh. Kaya kena
beledheg,atine Lintang kaya kairis-iris,donya kaya amblas,amarga Lintang weruh
ing jeroning ruangan mau ana awak kaku kang wes dikrodongi mori saka sirah
nganti dlamakan. Lintang wes ra kuat ngadeg,ambrug bebarengan karo luh kang wes
ra bisa dibendhung. Polisi ngewenehi kalung kang ditemokake ing jejer mayite ibuke
Lintang kang ngglethak ing dalan amarga ketabrak motor marang Lintang. Atine
Lintang tambah getun. Ngrasa awake dhewekui anak kang paling durhaka lan
nyebabake ibuke kena musibah kaya ngono.
Saktengening paes pasarean
ibuke,
Lintang
angucap janji. Bakal
dadi bocah sing
pinter lan migunani kanggo bangsa lan agama. Awit kadadeyan kui,Lintang kang saiki mung urip karo bulike dadi bocah kang rajin, sabar, lan mbuang adoh kabeh
sipat-sipat kang ala. Ora lali uga,
Lintang
tansah kirim dedonga kanggo
ibuke muga tentrem ing suwarga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar