P
|
anjenengan
tamtu sampun nate mireng asma Bob Marley? Bob Marley kathah dipunmangertosi
minangka legendaris musik reggae ing
donya. Salah satunggaling khas saking tokoh kasebut inggih menika rikmanipun ingkang
gimbal. Mboten sami kaliyan rambut gimbal damelanipun manungsa kados dene rikma
gimbalipun Bob Marley, wonten lare-lare ing dhaerah Dieng Kabupaten
Banjarnegara gadhah rikma ingkang tuwuh kriwil lan gembel ingkang wonten kanthi
alami (sanes damelan manungsa). Lare
ingkang gimbal wau dipunpitadosi minangka turunanipun Ki Kala Dete lan Nyi Roro
Kidul. Kangge nyukur rikma gimbal menika wonten ruwatan lan upacara ingkang
kedah dipunlampahi. Upacara ruwatan menika saged kathah narik wigatosing wisatawan lokal utawi mancanegara kangge mriksani reroncening adicara ruwatan
cukur rambut gimbal masal.
![]() |
Gambar kapundhut saking http://storimages.wordpress.com/2012/07/10/dieng/ |
![]() |
Gambar kapundhut saking http://www.antaranews.com/foto/47796/cukur-rambut-gimbal |
Dumugi
sakmenika, adicara ruwatan tasih dipuntindakaken setaun sepisan ing Dieng.
Menika mbuktikaken menawi masyarakat Banjarnegara tasih kersa nglestantunaken
warisaning budaya saking leluhur. Budaya ingkang minangka kasugihaning bangsa
menika dipunjagi supados mboten ical lan supados dipuntepangi dening para mudha
mliginipun mudha-mudhi Banjarnegara. Adicara ruwatan menika saged nggayuh
wigatosipun kathah tiyang saingga dipunsengkuyung dening pemerintan Kabupaten.
Kabupaten
Banjarnegara mboten nyia-nyiani khas ingkang wonten ing salah satunggaling dhaerah
ing kabupaten Banjarnegara menika. Pemerintah ngawontenaken adicara kanthi
irah-irahan “Dieng Culture Festival” setaun sepisan. Wonten ing adicara menika
dipunwontenaken mapinten-pinten adicara inggih menika pasugatan seni, wayang,
lan ugi ruwatan rambut gimbal. Ruwatan rambut gimbal limrahipun dipuntindakaken
wonten ing palataran Candi Arjuna, Dieng Kulon, Batur, Banjarnegara. Lare
ingkang badhe dipunruwat dipunsukani iket saking mori lajeng dipuntindakaken
reroncening ruwatan.
Sakderengipun
rambut gimbal dipuncukur, lare ingkang badhe dipunruwat menika diarak kliling dhusun
mawi dhokar dipunkancani dening tiyang sepuhipun. Sarat ingkang dipunsuwun dening
bocah gimbal ingkang badhe dipunruwat ugi ndherek dipunarak. Arak-arakan
dipunwiwiti saking griyanipun pamengku adat, lajeng kirab tumuju ing Candi
Arjuna kanthi dipunsambut dening tetabuhan musik
tradisional Dieng. Reroncening adicara Jamasan dados miwiti ruwatan cukur
rambut gimbal. Saklajengipun, bocah gimbal dipunbekta dhateng palataran Candi
Arjuna.
Rambut ingkang gimbal pancen mboten saged dipuncukur kados limrahipun. Cukuran namung kedah dipuntindakaken amargi pepinginan lare ingkang gimbal menika piyambak. Menawi cukuran rambut gimbal mboten adhedhasar pepinginan saking lare gimbal menika, mila rambut gimbal menika mangke bakal tuwuh terus sanadyan sampun dipuncukur. Bocah ingkang badhe dipunruwat kasebut ugi ndherek ruwatan adhedhasar pepinginanipun piyambak kanthi sarat ingkang benten. Tuladhanipunpit onthel, tigan, arta, wedhus, emas, lan sapanunggalipun.
Adicara
ruwat cukur rambut gimbal menika piyambak dipuntindakaken dening pamengku adat
direwangi pejabat kutha Banjarnegara.
Kanthi dikancani dening tiyang sepuhipun piyambak-piyambak. Rambut gimbal ingkang
sampun dipuncukur lajeng dipunmanunggalaken kaliyan jajanan pasar, kembang
telon lan dibungkus mori, lajeng dilarung ing Tlaga Warna. Adicara cukur rambut
gimbal dipunpungkasi kanthi pambagian kasil bumi dening masyarakat ngriku.
![]() |
Gambar kapundhut saking http://rri.co.id/index.php/berita/22756/Ruwatan-Potong-Rambut-Anak-Gimbal-Daya-Tarik-Bagi-Wisatawan#.UrlQ_PIe4wo |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar