Senin, 02 Desember 2013

Feature(2) : Filosofi Tata Rias Manten Adat Yogyakarta Gaya Paes Ageng




Gambar kapundhut saking http://www.mantenhouse.com/article/653-paes-ageng-riasan-pengantin-ala-keraton-yogyakarta-part-2.html
Wonten ing adat Jawi mliginipun Yoggyakarta, wonten kathah jinisipun tata rias kangge manten. Sedaya tat arias wau gadhah filosofi piyambak-piyambak. Jinisipun tat arias manten ing Yogyakarta inggih menika Paes Ageng, Kanigaran, Jangan Menir, Yogya Putri, Kasatriyan Ageng, saha Kasatriyan. Sedaya wau gadhah filosofi piyambak-piyambak. Ing jaman samenika ingkang lagi dados trend tata rias manten ing Yogya lan Jawa inggih menika gaya Paes Ageng. Tata Rias Paes Ageng Yogyakarta ing jaman rumiyin namung saged dipunginaaken kangge sadherek lan kulawarga keraton kemawon. Ananging ing jaman pamarentahan Sultan Hamengkubuwana IX (1940), tat arias model Paes Ageng saged dipunginaaken kangge masarakat umum. Ing jaman samenika, tat arias gaya Paes Ageng Yogyakarta kathah dipunginaaken dening masarakat ing adicara mantenan. Tata rias Paes Ageng kalebet tat arias ingkang mboten gampil. Tata rias menika mbetahaken katlitinan lan kagetunan. Tata rias menika gadhah nilai sakral saha filosofi saengga tat rias menika limrahipun naming saged dipundamel dening juru rias paes manten ingkang sampun ahli.
Filosofi saking tat arias paes ageng kawrat wonten ing aksesoris. Tuladhanipun inggih menika cundhuk menthul ingkang cacahipun 5 ateges srengenge lan ugi ateges rukun agami Islam. Pethat ingkang kados gunung ateges sakral. Kalung susun 3 ateges 3 fase pagesangan manungsa inggih menika miyos, dhaup, saha seda. Gelang binggel kana ingkang bunder mboten wonten pucukipun ateges kasetyaning manten dhateng garwanipun. Kelat bahu ateges raos saha pikir ingkang dados kuatipun gesang.  Sedaya filosofi wau ugi dados pangajeng-ajeng utawi dedonga kangge temanten ingkang badhe palakrami.

Gambar kapundut saking http://www.mantenhouse.com/article/651-paes-ageng-riasan-pengantin-ala-keraton-yogyakarta-part-1.html
Tata rias menika piyambak ugi gadhah filosofi kadosta penunggul ingkang ateges kabecikan saha pangajab dhumateng manten putrid supados diormati lan dipunjunjung drajatipun. Pengapit minangka pralambang manten putri dados penunggul supados lampahipun tansha lenceng saengga mboten nepangi alangan setunggal menapa anggenipun gesang kaliyan garwanipun. Penitis ateges sedaya kedah titis anggenipun nemtoaken menapa kemawon supados trep lan sae anggenipun ngatur anggaran. Godek / Athi-athi tegesipun kekalih manten supados introspeksi lan mboten gugup anggenipun nindakaken menapa kemawon. Alis Menjangan tegesipun supados kekalih manten saged cekat-ceket anggenipun nindakaken padamelan.
Menika wau andharan filosofi saking tat arias manten gaya Paes Ageng Yogyakarta ingkang ngewrat dedonga saha pangajeng-ajeng kangge mantenipun. Tata rias gaya menika saged dados pilihan panjenengan menawi badhe dados manten. Panjenengan ugi saged sinau supados saged  macak paes ageng ing sanggar-sanggar rias lan gladhen kaliyan tiyang ingkang sampun pengalaman dados juru rias manten adat Yogyakarta.


Tidak ada komentar: