Halaman

Senin, 02 Desember 2013

GEGURITAN: Angkara Murka




Awama lan kasangsaran gesengana karaharjan
Awero dening mas lan rajata
Donya dadi panggone buta awujud manungsa
Ayem tentrem mung dadi awu
Sirna ing paran kang ngilangke sarwadharma
Ra ketingal rubedaning laku satwa saha menungsa
Twas mangkin kairis mulati binasaning kabajikan

Duhkantara, ngulun namung bisa
Amalaku dhumateng Gusti Pangeran kang dadi raja
Luputana donya iki saka kabeh angkara murka
Tangis sangsaya suksma
Krasa kocapan mulya
Muga karaharjan dadi wekasaning carita



Dening: Putri Listya V.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar