Senin, 11 November 2013

Straight News(1) : Sanajan Grimis, Adicara “Kalem” (Kamis Malem) dening HIMASIK UNY Tansah Rame



 Dinten Kemis (26/9) kalawingi, Himpunan Mahasiswa Musik UNY ingkang asring dipunsebat HIMASIK ngawontenaken adicara “Kalem”. “Kalem” inggih menika camboran saking tembung “Kamis” lan “Malem” ingkang jumbuh kaliyan wekdal dipunwontenaken adicara menika nun inggih ing dinten Kemis ndalu. Adicara “Kalem” menika adicara arupi pasugatan seni musik ingkang dipunwontenaken setunggal sasi sepisan ing palataran kampus Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY.

“Kalem” ing dinten Kemis kalawingi gadhah tema welcomisasi ingkang tegesipun “sugeng rawuh”. Tema kasebat dipunangge kangge ngaturi sugeng rawuh dhumateng para mahasiswa enggal. Ingkang ngisi adicara Kalem kalawingi inggih menika saking mapinten-pinten band kados dene Delay, Purbaswara, Ora Payungan, Tujuh, lan sapanunggalipun. Adicara “Kalem” menika narik wigatosipun tiyang-tiyang. Mboten namung mahasiswa UNY menika piyambak, nanging ugi mahasiswa saking njawi lan masyarakat umum sanesipun ugi remen mriksani pasugatan ing palataran kampus Pendidikan Seni Musik UNY menika. Sanajan grimis lan atis, nanging mahasiswa Jurusan Pendidikan Seni Musik UNY ingkang pentas kanthi sae saged narik wigatosing pamirsa kangge mirsani saking wiwitan dumugi pungkasaning adicara.

Dening: Putri Listya Vindasari (11205241063)

Tidak ada komentar: